Mirna
lan kanca-kancane saben malam minggu mlaku-mlaku ana ing Manahan kutha Sala, golek
hiburan kanggo nglipur atine sing krasa sepi. Wengi kuwi dheweke karo kancane, Asih
lan Didi mampir ana ing sawijining angkringan sing ana ing Manahan. Angkringane
kuwi rame tenan, isine wong muda-mudi karo kekasihe dhewe-dhewe. Nanging ana
wong lanang loro sing ora katon karo wong wadon. Sing siji kawit mau nglirik
Mirna banjur omong-omong karo kancane sing linggih ana ing sandhinge. Asih sing
ngerti banjur ngandhani Mirna.
“Mir,
wong lanang kae loh, sing lungguh ana ing pojok, kawit mau kayane nglirak-nglirik
awakmu.” kandhane Asih.
“A,
lah mbo wis ora usah digubris, dinengna wae.” jawabe Mirna sing pancene wong
wadon cuek.
“Yen
menurutku ya, kayane dheweke sir marang awakmu, Mir. Merga apa aku bisa ngomong
kaya ngono, merga aku ya reti menawa dheweke kawit kowe teka nganti saiki
pancen nglirak-nglirik awakmu kok.” Didi melu nyela, ning Mirna meneng wae ora
nyauri, banjur malah mesen mangan karo ngombe lan nawani kanca-kancane barang.
Sabare
mangan, Mirna ngobrol-ngobrol karo kancane, banjur wong lanang sing diarani
nglirak-nglirik awake mau menyat saka lungguhe. Nanging ora dinyana-nyana jebul
wong lanang mau menyat saka lungguhe merga arep marani si Mirna.
“Mir,
Mir, kowe arep diparani kae.” Asih heboh dhewe ngerti Mirna arep diparani wong
lanang sing kawit mau nglirak-nglirik kancane kuwi.
“Lah,
bener ta apa ngomongku,
dheweke sir marang awakmu, Mir.” Didi melu-melu celatu, ning Mirna mung meneng maneh. Wong lanang mau teka banjur nepuk
pundhake Mirna. Dheweke ngajak Mirna lan kanca-kancane kenalan. Jebul jenenge
wong lanang kuwi Dani. Sawise kenalan, Dani ninggalake Mirna lan kance-kancane
bali menyang linggihane mau. Merga wis rada wengi, Mirna ngajaki kanca-kancane
bali.
Pirang-pirang
dina sawise Mirna kenalan karo Dani, dheweke dadi kerep kepetuk Dani, nanging
kepetuke kuwi ora nganggo janjian, mung dumadakan kepetuk. Sawijining dina, Mirna
kepetuk maneh karo Dani ana ing warung makan. Wektu kuwi, si Mirna lagi meh
tuku lawuh kanggo mangan.
“Mir,
kepetuk maneh.”Dani nyapa lan njawil pundhake Mirna
“Eh,
Mas Dani. Kok dadi kerep kepetuk, nggih?”Mirna nyauri karo mesem.
“Tuku
apa? Tak bayare sisan karo nggenku.”
“Boten
usah repot-repot, Mas. Matur suwun.”
“Ora
papa kok.” Dani ngomong karo ngelungke dhuwit menyang sing dodol,”Niki, mas.”
“Walaah,
matur suwun banget loh, Mas.”
“Iya,
padha-padha. Aku ndhisik ya, Mir.”
“Nggih,
Mas.” banjur Dani lunga.
Pirang-pirang
wulan si Mirna kenal karo Dani, dheweke dadi sir marang Dani. Ora mung rupane
sing bagus, ning Dani uga apik aten-atene. Mirna uga pernah diterake bali karo
Dani wektu kepetuk ana ing dalan sabubare Mirna kerja. Banjur wiwit kuwi Dani
dadi kerep dolan menyang omahe Mirna. Sawijining sore, wektu Mirna linggih tenguk-tenguk
bareng Didi lan Asih ana ing ngarep omahe, dheweke diguda dening kanca-kancane
kuwi.
“Aduh,
sing dijak kenalan karo Dani mbiyen, saiki kayane dadi melu-melu sir ki marang
wong lanang kae.” celatune Asih.
“Tenan
ta kandhaku Mir, yen Dani ki sir marang awakmu, nganti wingi aku ndelok kowe
diter bali menyang omah. Hayooo…. .” gudane Didi.
“Ana
apa ta ki kowe sakloron, senenge nggudani aku wae.” jawabe Mirna ning karo
mesam-mesem.
“Wah
kayane bener pandhugaku iki, kowe uga sir marang dheweke ya, Mir?”
“He-eh
apa Mir, kowe sir marang Dani?” Mirna
ora nyauri ning sirahe mantuk-mantuk.
“Walaaah,
kok ora tau crita marang awake dhewe ta, Mir?”
“He-eh
ki, piye ta?”
Mirna,
Asih lan Didi ngobrol ngalor-ngidul babagan Dani nganti ora kerasa wis surup. Banjur
Didi lan Asih pamitan bali.
Ora let suwi saka Mirna crita-cita
bareng karo kancane, Mirna dijak Dani lunga menyang Alun-alun. Ora
dinyana-nyana, si Dani ngungkapake apa sing kawit mbiyen dirasa karo dheweke. Mirna
uga ngomong yen dheweke uga tresna marang Dani. Lan wiwit saka wengi kuwi Mirna
resmi dadi kekasihe Dani. Wengi kuwi Mirna diter bali tekan omah karo Dani. Mirna
sewengi ora bisa turu amarga dheweke bungah banget lan ora sabar pengen crita marang
kanca-kancane. Esuke nalika Asih lan Didi dolan menyang omahe Mirna, dheweke
langsung crita bab kedaden sing mau bengi kanti bingah banget.
“Tenane
ki, Mir? Kowe saiki dadi kekasihe Dani? Wah jane kudu mangan-mangan iki.”
celatune Didi karo nyenggol Mirna.
“Wah,
enak ki bakale mangan-mangan.” kandhane Asih karo ngguyu nglirik Mirna.
“Apa
ta iki, malah padha njaluk mangan-mangan? Durung wae ngucapake selamat marang
balane sing entes jadian, malah mangan-mangane sing didhisik-dhisike.” Mirna
gedeg-gedeg, ning banjur Asih lan Didi ngrangkul balane sing lagi bingah mau
lan ngomong bareng-bareng,”Selamat ya Mir, wis dadi kekasihe Dani.”
“Aku
melu bungah yen kowe bungah, Mir.” Sambunge Didi.
“Matur
Suwun ya, kanca-kancaku. Kowe sakloron pancen balaku sing paling jos lah.”
kandhane Mirna sansaya bingah atine krungu kanca-kancane uga padha melu bingah.
Ora
krasa wis patang wulan awite Mirna dadi kekasihe Dani. Mirna uga wis dikenalake
marang wong tuwane Dani. Mirna bingah amarga dheweke bisa ditampa apik dening
Bapak lan Ibune Dani. Jebul Mirna lan Dani padha-padha ora asli saka Sala, ning
uga padha-padha asli saka Jepara, lan desane Dani uga ora adoh saka desane
Mirna. Wektu kuwi Dani janji marang Mirna menawa arep diajak dolan menyang
Jepara sekalian mampir ana ing omahe sing ana ing desa.
Ora
suwi sawise Dani janji marang Mirna, kira-kira rong minggu sawise, Mirna diajak
tenan lunga menyang Pantai Kartini ing Jepara lan sadurunge bali, Mirna dijak
mampir ana ing omahe Simbahe Dani sing ana ing cedhak kana. Tekan kana, Dani
totok-totok lawang, banjur Budene sing mbukai. Budene katon bungah ndelok
ponakane sowan.
“Walahle,
kok dolan tekan kene? Karo sapa? Mlebu-mlebu.” celatune Budene karo ngakon
bocah loro mau mlebu.
“Niki
Bude, wau kula jalan-jalan wonten teng Pantai Kartini, badhe wangsul niki, iseng-iseng
mampir. Kula kangen kok kaliyan Simbah.” jawabe Dani sinambi mlebu ngomah.
“Kae
loh Simbahmu ana ing pawon, lah iki kan Mirna, anake Pak Wahyudi kae to? Sedulure
dhewe kae loh le, sing kerep sowan mrene pas Simbahmu lara. Kok bisa bareng
karo kowe ta, le?” kandhane Budene Dani karo nuding si Mirna,”walah, jebul wis
gede ya kowe, nduk, tambah ayu sisan.”
.
Si Mirna kaget krungu kandhane Budene Dani, atine makbles lara kaya diremet-remet,
senajan pengen nangis ning ditahan. Mirna mung bisa mesem. Dani ora beda karo
Mirna, dheweke uga bingung lan ora ngerti arep omong apa, lan ora kepenak karo
Mirna sing mung bisa meneng. Dani dadi pengen cepet-cepet bali supayane Mirna
ora saya kelara-lara merga reti yen Mirna lan dheweke kuwi isih sedulur. Aja
meneh Mirna, Dani wae blas ora nyana menawane Wirna kuwi anake Pak Wahyudi sing
isih tunggal sedulur. Sawiseketemu Simbahe, banjur Dani lan Mirna pamitan bali
merga wis sore.
Ana
ing tengah dalan, Mirna nangis merga wis ora kuwat nahan lara. Dheweke ora bisa
nrima kasunyatan yen dheweke jebul isih tunggal sedulur karo Dani kekasihe. Dheweke
uga ora bisa dadi garwane Dani. Dani sing ngerti menawane Mirna nangis, banjur
dijak mampir ana ing warung bakso saperlu mangan lan ngrembug bab mau. Kebeneran
Mirna lan dheweke uga durung mangan wiwit mau awan. Sawise pesen mangan lan
ngombe, Dani lungguh dep-depan karo Mirna sing isih wae nangis. Atine Mirna wis
ora karu-karuan, ora bisa ngucap apa-apa lan rasane mangan ya wegah-wegahan.
“Mbok
ya di maem dhisik ta, Dek,” kandhane Dani, ning Mirna isih sesengukan nangis
lan ora nyauri,”aku ki ya padha karo awakmu, tenane ora nyana menawane kowe anake
Pak Wahyudi, mergane apa, aku entes wae nyadar menawane aku dolan ana ing
omahmu kuwi, ndilalahe bapakmu uga ora ana. Wis ta, aja nangis terus, lek ndang
dimaem ki baksone. Apa arep tak dulang?”
“Banjur
awake dhewe niki pripun, Mas? Kula sampun kebacut tresna kaliyan sampeyan. Sampun
boten saged menawane kudu pisah kaliyan sampeyan.” wangsulane Mirna karo isih
sesengukan banjur Dani nyikep kekasihe kuwi.
“Wis,
ditenangna dhisik atimu, mengko digoleki dalane ya,” Dani ngelus-elus rambute
lan ngelapi eluhe Mirna banjur ngangkat mangkok baksone, ”iki dimaem dhisik, tak
dulang.” Mirna kepeksa gelem mangan amarga didulang karo kekasihe.
Tekan
ana ing omah, Mirna salin banjur pamit karo Ibune arep dolan menyang omahe Asih.
Asih sing wektu kuwi ya isih linggih bareng-bareng Didi ana ing latar kaget
ndelokbalane mara karo nangis-nangis.
“Ana
apa, Mir kok nangis?” Asih nyikep kancane kuwi lan kabeh padha kuwatir marang
Mirna.
“Crita
Mir, crita, jane ana apa, ta? Kowe pisah karo si Dani, iya?” takone Didi, ning
Mirna ora nyauri mung gedeg-gedeg sirahe, ”terus ana apa nganti kowe nangis
kaya ngene?”
“Wis,
wis. Tenangna dhisik awakmu, Mir.”
Sawise
Mirna rada mendha nangise banjur dheweke crita marang kanca-kancane mau bab
Dani sing jebul isih seduluran karo dheweke. Kanca-kancane sing krungu ya padha
kaget.
“Walah,
jan, kok bisa ngono iku? Apa kowe ora pernah temon karo dheweke nalika ning
desa?” celatune Didi.
“Lah
ndilalahe, menawane bapakku mara ana omahe Simbahku sing lara kae, aku ora
pernah gelem dijak. Nalika sekali kae dijak karo bapakku, ning ora kepetuk karo
Dani. Ndilalahe Simbahku kae kuwi uga Simbahe Dani. Dadine aku babar blas ora
ngerti ya, Di menawane aku seduluran karo Dani.” Mirna nangis maneh.
“Banjur
karampungane piye, Mir.” takone Asih, Mirna mung gedeg-gedeg.
Seminggu sawise kedaden kuwi, Dani dolan
ana ing omahe Mirna lan crita menawane Bapak Ibune saiki wis reti yen Mirna
kuwi anake Pak Wahyudi lan menggak Dani pacaran karo Mirna maneh, malah Dani
arep digolekake jodho karo wong tuwane. Mirna sansaya kelara-lara atine, ning
ditahan.
“Aku
ora bisa apa-apa maneh, Dek. Yen bapak wis ngendika ora ya aku kudu manut. Jane
aku ya emoh dijodho-jodhoake, ning kepiye maneh?” kandhane Dani, ning Mirna
mung ndingkluk meneng wae ora semaur. Nganti saksuwene Dani dolan, Mirna ora
sanggup ndelok wajahe Dani, wedi menawane eluhe bakal ambrol merga ora tahan
maneh. Dani banjur pamit bali amarga padha-padha ora kuwat ndelok wong sing
ditresnani katon kelara-lara.
Sawise
Dani lunga, dheweke mlebu kamar banjur lawange dikunci. Ibune Mirna sing kerep
ngonangi Mirna nangis dadi sansaya kuwatir. Ibune banjur totok-totok lawang
kamare Mirna.
“Nduk,
ana apa ta kowe kok saben-saben nangis terus, Ibu dadi kuwatir.”
Mirna
mbuka lawang kamare banjur nyikep Ibune. Ibune banjur nglungguhake Mirna lan
dijak ngomong.
“Crita marang Ibu, Mir, sapa ngerti
Ibu bisa ngewenehi solusi.” kandhane Ibune karo ngelus-elus rambute anake, ”aja
nangis terus kaya ngene, Ibu uga melu sedhih yen kowe kaya ngene.”
“Ibu kelingan boten kaliyan Mas Dani?”
wangsulane Mirna karo ngelaki eluhe.
“Dani kekasihmu kae? Ana apa karo
dheweke, kowe pisah karo dheweke?” Mirna gedeg-gedeg banjur nyritaake kabeh
marang Ibune.
“Walah dalah, jebul Dani kae anake
Pak Jono toh, mulane Ibu ya ora asing karo wajahe. Ning Ibu ya ora nglegewa
menawane bocah kuwi isih tunggal sedulur karo awake dhewe. Ya sing sabar wae
lah, nduk. Arep kok kapak-kapakana ya sing jenenge sedulur ora entuk pacaraan
apa maneh nganti nikah. Mula bener yen pak Jono malah arep jodhoake Dani karo
wong liya, mungkin mung kanggo jaga-jaga supayane anake ora nekat karo awakmu.”
“Ning kula tasih trena marang
panjenengane, Bu.”Mirna nangis maneh.
“Wong kowe ki tunggal sedulur kok, nduk.
Ya ora oleh kaya ngono iku. Durung jodhomu, nduk. Sing sabar ya kowe.” Mirna
nyikep ibune maneh.
Telung wulan sawise kuwi, Dani sida
tenan dijodhoake karo wong wadon sing jenenge Karina. Ning Mirna wis rada bisa
nrima dadine wektu diwehi undangan nikahane Dani karo Karina, dheweke ora
nganti tangis-tangisan. Malah wektu nrima undangan langsung saka Dani, dheweke
malah ngucapake selamet marang Dani.
“Selamet
ya, Mas. Mugi-mugi langgeng mawon ngantos salawase.” Kandhane Mirna sinambi
ngajak salaman Dani.
“Ya
matur suwun lah, Dek. Pamitake karo Ibu ya, soale iki ora bisa mampir.” Jawabe
Dani.
“Nggih,
Mas. Atos-atos mawon nggih, salam mawon kangge Mbak Karina. Kapan-kapan mbok ya
diajak mriki.” Dani mung mesem.
Ya
senajan isih rada lara menawa kelingan jaman-jamane mbiyen, ning Mirna sadar, menawane
ora ana pilihan liya kajaba nrima lan uga melu bungah yen Dani uga bungah. Dheweke
isih ngarep-arep wong lanang sing cocok lan tenan ditakdirake kanggo dheweke. Sing
bisa gawe dheweke bingah saben dina lan uga bisa dadi guru lakine sing tanggung
jawab marang kaluargane.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar