iki karyaku ndek semester 1
MEGATRUH
wong ngaurip kudu kena golek kawruh
kawruh kang pener lan becik
aja salah anggeguru
lan ibadah aja lali
upayano kabeh klakon
nadane iki download bae
SINOM
bocah bocah sastra jawa
kudu bocah kang kreatif
serta duwe tanggung jawab
duweni prilaku becik
ngibadah aja lali
kudune sregep sinau
remen budaya jawa
ayo aja padha lali
kwajiban lan tanggung jawab kang utama
nadane iki download bae
DHANDANG GULA
nasibipun kabudayan jawi
saya suwe saya di lalikna
arang arang di gateke
wis akeh kang ra weruh
merga katah kang ra njalani
sokur yen dilakokna
kabudayan jawi iku
lan bakal di lestarikna
iku pantes kangge kabudayan jawi
menika kewajiban
nadane iki download bae
ASMARADANA
yen kelingan wajah iki
saya suwe saya tresna
bagus rupa sak atine
wong kang duwe kawibawan
lan duwe tanggung jawab
kang bisa nrima awakku
kuwi kang paling utama
nadane iki download bae
Tidak ada komentar:
Posting Komentar