PETRUK
MBANGGEL
Dalang
ngetokake wayang Petruk, Puntadewa, Werkudara, Kayon, Semar
Sawijining
dina ana ing Karang Kedumpel, Petruk lagi ngebayangake lelakone Pandawa sing
wis ora karu-karuan eleke. Dheweke ngrasa gething karo Pandawa merga saiki
Pandawa wis ora kaya mbiyen maneh lelakone.
ASMARADHANA
Nglembara
ing awang-awang
Hangelangut
bebasan tanpa tepi
Narabasing
mega mendhung
Ngider-ideri
jagad ngulandara
Nglembara
ngunggahi gunung
Miwah
sagung gagahan
Satemah
ginawa ngimpi
TABLO :
Anggambarake pikirane Petruk. (dalang nglakokake wayange Pun-tadewa sing
gemedhe amarga wis diarani satria sing paling jujur, banjur nglakokake wayange
Werkudara sing gemedhe amarga wis nyekel jimat kalimasada kang dadi juru
penyelamat lan pusakane negara Ngamarta.
Nglakokake wayang Puntadewa lan Werkudara makili Pandawa sing wis seneng korupsi Kabeh dilakokake ing jero kayon sing bolong.)
Nglakokake wayang Puntadewa lan Werkudara makili Pandawa sing wis seneng korupsi Kabeh dilakokake ing jero kayon sing bolong.)
PETRUK :
“Aku wis ora bisa sabar maneh, saya suwe, saya dinengake, Pandawa saya ora
genah. Aku wis ora bisa meneng maneh. Kudu ana sing ndudah Pandawa, aku wis ora
seneng babar pisan karo lelakone Pandawa sing saiki. Aku wis ora tahan maneh
ana ing kene, aku kudu minggat.” (Petruk lunga banjur ketemu Semar sing lagi
arep mulih, ana ing gapura omahe)
SEMAR :
“Loh, ngger? Raimu kok abang kabeh ki ana apa?”
PETRUK :
“Boten wonten napa-napa Rama.”
SEMAR :
“Ora ana apa-apa, ning kok lelakonmu kaya wong sing isih jengkel?Apa kowe
ditukari karo adhi-adhimu?”
PETRUK :
“Boten Rama.”
SEMAR :
“Yen ora ditukari, banjur kenang apa kowe arep lunga? Wis ayo, dirembug
babarengan dhisik ayo.” (Semar nggandeng Petruk bali menyang Karang Kedumpel)
PATET
6 JUGAG
Rem-rem
sorete kang hyang Arka Kaeksio….
Pucaing
haldaka murub yen janmaha kadhi susasmiteng ing saliring mlaku o….
Lampahing
dumadi o….
Gilir
gumanti o….
Duka
sukaning griya yekti gegadhangan pangesahing diri
Titahing
Gusti o….
Kang
sarwa dumadi o….
SEMAR : “Gong, Bagong,
Reng, Gareng. Padha mrenea, Ngger.”
BAGONG : “Wonten napa Rama?”
NALA GARENG : “Nggih Bapa wonten napa?”
SEMAR : “Iki, aku arep
rembugan karo kowe kabeh, kakangmu Petruk arep lunga saka ngomah. Ketemu aku
ana ing dalan, raine wis abang ireng kaya wong isih nesu lan jengkel.Mula tak
jak mrene saperlu arep tak jak rembukan.”
NALA GARENG : “Loh, Truk, arep lunga menyang
ngendi?Aku tak melu ya, Truk.”
BAGONG : “Aku ya melu yen kowe
arep lunga, kang.”
PETRUK : “Ora usah padha
melu, aku luwih becik lunga dhewe.”
SEMAR : “Sek, sek, sajake
ana apa ta,ngger? Kok kowe ujug-ujug arep lunga saka omah?Ana masalah apa? Kene
dirembug babarengan lan digoleki solusine.”
PETRUK :
“Kula namung ngrasa sampun boten kiyat kalihan lelakonipun Pandawa, Rama.”
SEMAR :
“Lelakone Pandawa? Lelakone Pandawa sing kaya kepiye to sing wis ora mbo kuwati,
ngger?”
PETRUK :
“Lelakone Pandawa ingkang sampun boten becik. Lelakone Pandawa ingkang
sakmenika remen sanget kaliyan Korupsi, ngginakaken artanipun para tiyang alit
kangge kepentingan pribadhi. Lelakone Pandawa ingkang sampun boten trep kaliyan
julakanipun.Pandawa sampun padha kesupen kaliyan sinten sejatosipun
panjenenganipun sedaya.”
SEMAR : “Saka ngendi
anggonmu ngerti menawa lelakone Pandawa saiki wis ora becik, ngger?”
PETRUK : “Sampun boten
wigati malih Rama kula ngertos saking pundi bab menika. Kula namung sampun
boten purun malih wonten ing mriki menawi pejabat-pejabatipun negara Ngamarta
sampun boten perduli marang tiyang-tiyang alit ingkang wonten ing negara menika.”
SEMAR :“Panemumu pancen
becik, ngger. Ning yen kowe arep lunga saka ngomah, tujuanmu kuwi arep menyang
ngendi?Dirampungake ana kene wae, ora usah nganggo lunga-lunga saka omah
barang.”
PETRUK : “Miturut
panemunipun kula, bab menika sampun boten saged dipunpungkasi amargi
pajabat-pejabat menika sampun boten perduli kaliyan aspirasi rakyatipun
piyambak. Kula badhe tetep tindak saking mriki Rama.”
BAGONG : “Aja lunga ta, kang.
Yen kowe lunga mengko sing dadi ece-ecenan sapa?” (Bagong nggondeli tangane
Petru karo sesengukan)
GARENG : “Iya, Truk. Sing
ngancani aku turu mengko sapa yen kowe lunga? Aja lunga ta.” (Nyikep Petruk)
SEMAR : “Apa kowe ora
mesake karo adhi-adhimu iki, ngger.”
PETRUK :
“Kula tetep badhe tindak, Rama. Boten wonten sing saged menggak kula sakmenika.
Wis, Gong, Reng, kowe ora usah menggak menggak aku lunga, iki wis dadi
niatanku, niatanku iki wis wulet. Dadi aku tetep bakale lunga.Kula pamit, Rama.”(Petruk
mlayu lungga ninggalake Semar, Bagong lan Gareng)
SEMAR :
“Loh, ngger…”
GARENG : “Petruk…. Aku melu....”
(arep mlayu ning digondeli Semar)
BAGONG : “Kakang Petruk aja
lunga….” (Bagong nangis nyikep Semar, banjur Gareng uga melu nyikep)
SEMAR : “Padha sing sabar
ya, ngger.” (Ngrangkul Bagong lan Gareng)
MASKUMAMBANG
Kembeng-kembeng kumembeng waspa dres mijil
Eling lan narima lelaku labuh mring mami
Pupusa nilar kawula
Dalang
ngetokake wayang Petruk, Petruk Ratu, Kayon, Ratu-Ratu negara cilik cacahe 3,
lan wayang wadya bala prajurit, wayang kanggo anggambarake Jimat Kalimasada.
Petruk
kang wis gething mau banjur ora keoyak playune dening Semar. Ing sawijining
alas, Petruk duweni niatan ala.
ADA-ADA GREGET SAUT PATET 6
Remeng remu soroting hyang Patangga Pati
Himawan seta hana wengi
PETRUK :
“Aku pengen gawe Pandawa kocar-kacir. Ha, arep tak jupuk Jimat Kalimasada,
banjur sawise kuwi, aku arep ngedeg negara anyar. Ngumpulake praja kang akeh
kanggonglawan Pandawa.Saiki aku arep menyang Ngamarta, jupuk Jimat Kalimasada
kang dibangga-banggaake dening Pandawa.”
TABLO :
(Pertuk lunga menyang Ngamarta, jupuk Jimat Kalimasada meneng-meneng lan ora
konangan. Banjur anjelma dadi ratu Sindhung Aliwarwar)
PETRUK :
“Hahaha, saiki aku bisa menang klawan sapa wae. Pandawa, ntenana tekaku maring
negaramu, ning saiki aku tak madeg negara anyar lanngumpulake wadya bala saka ndudah
negara-negara cilik. Hahaha.”(Petruk lunga.)
TABLO : Petruk takan ana
ing negara Toyamarta lan ketemu karo Prabu Prakonda.
TEMBANG
TANTANGAN PATET 6
Kridu
mawur mangawur-awur wurahan
Tengaraning
ajurit gung maguru gangsa
Teteg
kadya butula
Wur
panjriting turanggesti
Rekatak
ingkang
Dwaja
lelabuh sebit
P. PRAKONDA : “Sapa kowe, lan arep apa
menyang negaraku?
PETRUK : “Heh ratu aning negara Toyamarta, kowe Prabu
Prakonda, aku Prabu Sundhung Aliwarwar arep gawe negaramu dadi negara jajahan
Cakratirta, tunduka marang aku yen isih kepengin gawe urip.
P. PRAKONDA : “Ora sudi aku tunduk marang
kowe, heh Prabu Sindhung Aliwarwar.
PETRUK : “Yen ngono,
tandingana aku. Menawane kowe kalah, kowe kudu nyembah dlamakane Prabu Sindhung
Aliwarwar iki.
P. PRAKONDA : “Ora wedi, ayo majua mrene.”
TABLO :
Nggambarake Petruk klawan ratu saka negara Toyamarta yaiku Prabu Prakonda.
P. PRAKONDA : (Mlayu)
PETRUK : “Aja mlayu kowe,
narendra ing Toyamarta, heh Prabu Prakonda!” (ngoyak Prabu Prakonda)
PETRUK : (Ketemu maneh)
“Wahahaha, arep lunga menyang ngendi maneh kowe? Ngakua kalah, lan nyembah
dlamakanku.”
P. PRAKONDA : “Iya, aku ngaku kalah, kowe dudu
tandinganku.” (nyembah dlamakane Prabu Sindhung Aliwarwar)
PETRUK : “Wahahaha, bagus.
Saiki aku arep nggempur negara-negara cilik liyane, ayo Prabu Prakonda, gawanen
kabeh prajuritmu, melua aku nglawan narendra saka negara Marutamanda, Prabu
Tanggulangin.”
P. PRAKONDA : “Sendika dawuh Gusti Prabu.”
TABLO : Petruk Ratu mara
menyang negara Marutamanda ketemu Prabu Tanggulangin.Lan perang maneh.
PERTUK : (bar tarung nyekel
gulune Prabu Tanggulangin) “Ngakua kalah wae klawan aku heh kowe Prabu
Tanggulangin saka negara Marutamanda!”
P. TANGGULANGIN : “Iya, aku ngaku kalah, aku memang dudu
tandinganmu. Gawea negaraku dadi negara jajahan Cakratirta.
PETRUK : “Wahahaha, apik.
Ayo gawana prajuritmu, melua aku ndedah negara cilik liyane”
TABLO : mara menyang
negara Gua Siluman klawan narendrane sing jenenge Prabu Bumipadha.
PETRUK : “Wis ngakua kalah wae
ketimbang kowe tatu, ha Prabu Bumipadha saka negara Guwa Siluman?”
P. BUMUPADHA : “Nggih, nggih pun kula ngaku kalah
mawon”
TABLO : Sawise kuwi
Petruk sing jenenge dadi Prabu Sindhung Aliwarwarbali menyang negara Cakratirta.
Dalang
nyiapke wayang Petruk Ratu, Kayon, Ratu-Ratu negara cilik 3, Janaka, Puntadewa,
Nakula lan Sadewa.
Wadya
bala saka negara anyar sing diarani negara Cakratirta sing Ratune diarani Sindhung
Aliwarwar wis disiapake kanggo anggempur Ngamarta. Ing negara Cakratirta.
(Petruk
melbu, nari-nari sedela.Banjur ratu-ratu negara cilik melbu.)
ADA-ADA JUGRAG PATET 9
Dasare mangsa ketiga purnameng gegana
Riris harda salah mangsa adat sagung hamong tani
Jumangkah samya ngayati o…
Yasa bebetengan Handeder wiji minangka tumibaning
mangsa sanga
PETRUK :
“Heh sumitraku kabeh, utamane kowe, heh Prabu Tanggulangin.”
P. TANGGULANGIN : “Wonten dawuh tinimbalan sang Prabu
Sindhu Aliwarwar?”
ADA-ADA
PATET 6
Kadangmu
warahen ben becik
Becik
hamendhema baris
Baris
kang prayekna o….
Aywa
saranta sang Dwarawati
Tan
iku awak pandawa
PETRUK : “Kowe dadia Patih
ana ing negaraku iki, negara Cakratirta.”
P.
TANGGULANGIN : “Nggih gusti Prabu,
nuwun.”
PETRUK : “Saiki kumpulna
kabeh para rerean. Kowe kabeh hei, Patih Tang-gulangin, Prabu Prakonda lan
Prabu Bumipadha.Siapake kabeh prajuritmu, bareng-bareng nggempur negara
Ngamarta.”
P. BUMIPADHA : “Wonten menapa kaliyan praja
Ngamarta gusti Prabu? Wonten menapa kok panjenengan badhe anggempur negara
Ngamarta?”
PETRUK : “Kowe ngerti retune
sing jenenge Puntadewa?”
P. BUMIPADHA : “Nggih ngertos gusti, wonten
menapa?”
PETRUK : “Aku mung arep
ngebuktiake kandhane wong-wong sing jare getihe Prabu Puntadewa kuwi putih. Aku
rung ngandel menawane aku durung ngebuktiake dhewe, tananan apa ora getihe kuwi
putih. Patih Tanggulangin, budhal dina iki?”
P. TANGGULANGIN : “Sendika ngestuaken dawuh, gusti.”
ADA-ADA
PATET 9
Bumi gonjang-ganjing langit kelap-kelap
Katon
lir kinencang alis prisang maleh gandrung o…
TABLO : prajurit sing sapirang-pirang
padha dibudhalake menyang negara Ngamarta. Banjur tekan lan Petruk Ratu mungsuh
Janaka, Nakula, Sadewa, ning Pandawa kalah.
JANAKA : “Sapa kowe, saka ngendi asalmu?”
PETRUK RATU : “Aku Prabu Sindhung Aliwarwar,
saka negara Cakratirta.”
SADEWA : “Arep ngapa gawa
wadya bala menyang mrene?”
PETRUK RATU : “Aku arep nggempur negara Ngamarta, arep tak tugel gulune
para Pandawa.”
NAKULA :
“Kurang ajar, kok kira sapa kowe, wani-waninearep nugel gulune para Pandawa,
he?”
PETRUK RATU :
“Ora usah kakehan takon, majua mrene!”
TABLO :
Petruk Ratu mungsuh Janaka, Nakula lan Sadewa ning Pandawa kalah. Banjur Petruk
Ratu nggoleki Prabu Puntadewa.
PETRUK RATU :
“Lah iki rak ratune.”
P. PUNTADEWA : “Wani ndedah negarane Pandawa lan
ngalahake Janaka, Sadewa karo Nakula brarti awakmu kuwi dudu tandingan sing
bisa diremehake, majua kene, tandingana aku heh Prabu Sindhung Aliwarwar!”
PETRUK RATU : “Dengan senang hati. Wahahaha.Arep
tak pecah-pecah ndasmu!”
TABLO :
Petruk mungsuh Prabu Puntadewa, padha wae Petruk bisa menang.
Dalang nyiapake wayange Petruk Ratu lan Gendruwaraja.
Sawise bisangalahke Pandawa Petruk ora banjur lunga
nanging malah pengen lunga menyang Dwarawati kanggo nggempur ngara iku. Nanging
ning tengah dalan, dheweke dicegat karo Gendruwaraja.
ADA-ADA PATET MANYURA
Meh rahina sumubang hyang Haruna
Kadi nitraning oga rapuh sabdaning
kukila
Ring kanigara saketer o….
Ni kidung ning akung
Lwir wuwusing winipanca
Pepetak ing ayamwana ing pagagan
Mrak hanguwuh bremara ngrabasa
kusuma ring parahasyan arum
kusuma ring parahasyan arum
PETRUK RATU :
“Sapa kowe? Ngadang-ngadangi dalanku, minggir!”
GENDRUWARAJA :
“Ora perlu ngerti sapa aku, sapa kowe kok wani-wanine nggawe kisruh ana ing
kene lan ngumpetake Jimat Kalimasada ana ing gelunganmu?”
PETRUK RATU :
“Aku Prabu Sindhung Aliwarwar, ratu ana ing negara Cakratirta. Dudu urusanmu,
minggira wae!”
GENDRUWARAJA :
“Negara anyar apa piye, ora tau krungu, menawane aku ora gelem minggir, kowe
arep apa?”
PETRUK RATU :
“Ora usah kakehan bacot, bakale tak tugel gulumu!”
TABLO :
Petruk nyerang Gendruwaraja ning
diinggati banjur padha tukaran. Wis ngrasa kalah Petruk ngetokake gamane. Gendruwaraja
kenal karo gamanemau.
GENDRUWARAJA :
“Owalah dalah Truk, Truk. Jebul kowe ta sing gawe geger. Gaman saka aku kok ya
mbok balikake marang aku, ta. Wis, tak bari wae lah.” (Gendruwaraja mbalikake
gamane mau)
TABLO :
Petruk kena gamane dhewe, banjur malih dadi wujude sing asli.
Dalang nyiapake wayange Petruk, Prabu Puntadewa, Janaka,
Nakula, Sadewa, Semar, Gendruwaraja, Werkudara.
Sawise Petruk malih dadi wujude sing asli dheweke
mbalikake Jimat Kalimasada.
ADA-ADA MENYURA JUGAG PANDAWA 5
Mulad mara sang harjuna hesmu nira
kamanungsan
Kasrepan
tingkahireng mungsungo…
SEMAR :
“Kenang apa ta, ngger kok ya bisa-bisane awakmu duweni panemu sing kaya ngene
iki.”
PETRUK :
“Gusti kula nyuwun ngapura, kula sampun boten betah menawi panjenengan lan para
rayi-rayi panjenengan kurupsi lan boten perduli marang rakyat ingkang alit
malih. Menika Jimat Kalimasada kula kundhuraken dateng penjenengan.”
P. PUNTADEWA :
“Iya, ora papa. Aku lan adhi-adhiku ya njaluk ngapura ya, awit wis ora tau
merhatiake rakyat cilik maneh. Sing penting saiki Jimat Kalimasada wis bali
maneh menyang negara Ngamarta.”
GENDRUWARAJA :
“Wis, saiki aku njaluk idin ya kakang Semar, Petruk arep tak jak lunga marang
alam perjinan kanggo pertapan kungkum satus dina.”
SEMAR :
“Ya kana tak weheni idin.”
TABLO :
Petruk digawa lunga dening Gendruwaraja
GENDHING
TAMAT
Tidak ada komentar:
Posting Komentar