Iki dudu
sebener-benere crita
Sing bener tetep
mawi wawan rembuk karo masyarakat sing duweni crita iki (TUTURAN)
DAMPO AWANG
Atusan
taun kapungkur, ana sawijining randha kang karo anake papat. Kanggo nguripi
kulawargane, Mbok Randha iku mau nyambut gawe abot. Olehe rekasa Mbok Randha
mau yakuwi supaya anak-anake dadi dewasa lan duweni kawruh kang murwat. Salah
sawijining anake aran Dampo awing.
Ing
sawijining dina, anake papat mau njaluk palilah marang Mbok Randha arep lelana
golek kerja lan donya. Nanging, sadurunge ninggalake omah, si ibu kang ora bisa
nyangoni dhuwit nimbali anak-anake. Mbok Randha mung bisa nyangoni marang anake
papat nganggo pecahan piring kang
sinebut panjang. Menawa ing antarane anak-anake kuwi ana sing kasil sajroning
urip lan dadi wong sugih ing kutha besuk. Muga piring kuwi besuk dadi
pangingete sadulur marang sadulure kanthi cara nyocoake dadi siji.
Kanthi
lungane putra-putrane mau, Mbok Randha urip dhewean lan nggrantes. Dheweke
banget anggone kangen marang anak-anake. Mula diputusake bakal nggoleki kabeh
anake menyang kutha. Kanthi panganggo lan sikep kaya sawijine pengemis,
wusanane Mbok Randha mau kasil nemokake anake telu kanthi cra nyocokake piring
pawewehe mbiyen. Kanthi bungah Mbok Randha wis kasil nemokake anake telu lan
ora lali marang deweke.
Ananging
ana siji anake kang aran Dampo Awang ora gelem ngakoni Mbok Randha dadi ibune,
lantaran Mbok Randha kuwi wong mlarat kaya tukang njaluk-njaluk. Dampo Awang
ngrasa awake wis sugih lan ora bakal nduweni ibu kaya Mbok Randha mung wong ora
duwe kang bisane ngaku-ngaku nduweni anak kaya Dampo Awang sing sugih banget.
Kanthi sadis Dampo Awang tegel ngusir Mbok Randha lan ketelu sedulure nganggo
cara nyiramake banyu sakujure awak supaya kabeh gelem metu saka omahe.
Pungkasaning Mbok Randha mung bisa ngutuk lan dedonga ing sawijining dina bakal
ana angin gedhe, ngelemake kapal lan dheweke sarta kabeh barang barange
Mbok
Randha lan anake telu mung bisa balik omah kanthi rasa sing sedih lan kuciwa,
bisane anak sing dilairke malah gawe lara atine. Dheweke ora nyangka lan ora
ngira Dampo Awang kuwi tega ninggalke dheweke amarga wis dibutake kanthi donya
kang maneka warni. Donya wis dadi sekabehane dening Dampo Awang, luwih ana
ajine donya tinimbang dheweke lan sedulur liyane.
Sawise
kejadian kuwi Dampo Awang lunga ninggalake Cina lan lunga berlayar kanggo golek
donya lan nyiarake agama Kong Hu Cu. Dheweke berlabuh ing dermaga sekitare
kutha Lasem sing saiki tepate persis ana ing desa Bonang kecamatan Lasem
kabupaten Rembang. Ing daerah Bonang iki mbiyene para warga durung padha
nduweni agama sing diyakini. Sedurunge Dampo Awang tekan kana wis kedhisikan
wong kang aran Sunan Bonang sing lagi nyiarake agama Islam.
Sawijining
dina Dampo Awang ketemu karo Sunan Bonang kang lagi nyiarake ajaran agama
Islam. Sanalika kuwi Dampo Awang wis ngatonake rasa ora seneng marang Sunan
Bonang, amarga dheweke ngrasa wedi kalah saing lan warga luwih milih agama
Islam tinimbang Kong Hu Cu.
Nalika
Sunan Bonang nembe shalat Asha, Dampo Awang nduweni pikiran kanggo nyilakani
Sunan Bonang. Kantthi muslihate Dampo Awang ngakon prajurite ngracuni kendhi
kang isine banyu putih supaya diombe Sunan Bonang. Ananging sawise shalat Ashar
Sunan Bonang malah nerusake ngaji.
Saben
wayah shalat, Sunan Bonang nuthuk “Bendhe Becak” yaiku satunggaling barang kang
arupa gong cilik kanggo nyiarake ajaran agamane. Sawise Sunan Bonang mulai
adzan lan nglaksanakake ibadah shalat banjur Sunan Bonang nerusake ngaji
ayat-ayat Allah kang endah lan nentremake ati. Saengga warga padha gumun lan
sangsaya suwe akeh wong kang padha melu ajaran agamane Sunan Bonang yaiku
Islam.
Sawise
ngerteni babagan kuwi, Dampo Awang nesu karana pengikute sangsaya kurang lan
luwih milih mlebu agama Islam. Akhire Dampo Awang ngirim prajurite kanggo
njemput Sunan Bonang.
Prajurit
kuwi tekan ana omahe Sunan Bonang kanggo ngabarake pesen saka Dampo Awang
supaya Sunan Bonang gelem teka ana omahe Dampo Awang. Mula-mula Sunan Bonang
ora gelem teka ana omahe, nanging Sunan Bonang ngrasa mesake karo prajurit
prajurit kuwi amarga yen ora bisa gawa Sunan Bonang ana ing ngarepe Dampo
Awang, Dampo Awang bakal mateni prajurit- prajurit iku. Mula banjur Sunan
Bonang gelem teka ana ing omahe Dampo Awang.
Nalika
Sunan Bonang teka ana omahe Dampo Awang, banjur disambut kanthi suka gembira
marang Dampo Awang. Nanging ing mburine saka keramahan kuwi Dampo Awang wis
nduweni pikiran kanggo nyelakake Sunan Bonang. Dampo Awang nyuguhi Sunan Bonang
nganggo buah-buahan sing seger, manganan sing sarwa enak lan ombenan sing marai
mendemake. Sunan Bonang ora nduweni rasa curiga marang Dampo Awang, padahal
sejatine Dampo Awang bakal nyelakani dheweke. Nalika ing tengah-tengah acara,
Dampo Awang ngakon Sunan Bonang supaya lunga saka daerah ikulan aja wani-wanine
nyiarake agama Islam ing kana. Nanging Sunan Bonang nolak larangan lan arep
tetep nyiarake ajaran agama Islam. Dampo Awang nesu banget krungu omongane
Sunan Bonang sing kaya mengkana. Banjur Dampo Awang ngakon prajurite kanggo
nyerang Sunan Bonang lan para pengikute.
Sunan
Bonang nylametake awake saka gelut kuwi. Ing tengahe gelut iku Sunan Bonang
nuthuk-nuthuk gamane yaiku “Bende Becak”, swara kang diasilke saka barang iku
gawe wong dadi mumet lan ngrasa sirahe arep pecah. Saengga kanthi wektu kang
cepet banget sunan Bonang bisa kasil ngalahake prajuriprajurite Dampo Awang.
Dampo
Awang ora bisa trima kalahe. Dheweke isih dendam banget marang Sunan Bonang
amarga ngrasa wis kasil gawe wong-wong padha melu agama Islam. Nanging
sadurunge mbales kekalahane, dheweke bali ing negarane mbiyen yaiku Cina. Ing
kana dheweke nyusun strategi lan kekuatan anyar kanggo bisa ngalahake Sunan
Bonang.
Antawis
puluhan taun, Dampo Awang teka maneh ing tanah Jawa karo nggawa prajurit kang
saya akeh tinimbang mbiyen. Nalika tekan Jawa dheweke kaget banget amarga kabeh
warga daerah iku wis padha mlebu agama Islam. Dampo Awang nesu banjur goleki
Sunan Bonang. Dampo Awang ora bisa nahan hawa nepsune kanggo gelut karo Sunan
Bonang. Nalika dheweke wis ketemu karo Sunan Bonang saengga dheweke langsung
nyerang Sunan Bonang.
Kaya
nalika gelut pisanan mbiyen, Sunan Bonang nganggo Bendhe Becak kanggo ngalahake
Sunan Bonang. Dheweke mulai nuthuk-nuthukake Bendhe Becak, sanalika angin dadi
gedhe banget, swara kang diasilke nggawe sirahe padha mumet lan pecah. Kanthi
sedela Sunan Bonang wis bisa ngalahake Dampo Awang lan prajurite. kapal mau.
Sanalika kapal mau pecah kasebar ana ngendi-ngendi lan bagian kapal kang
Dampo
Awang ditaleni ana ing njero kapal banjur Sunan Bonang nendhang krungkepwujude
malih dadi kaya gunung cilik kang sering diarani Gunung Bugel. Dampo Awang mati
ana ing sekitar daerah gunung Bugel. Jangkare tiba ing sisih kulon lan layare
kapal tememplek ana ing gunung kuwi lan malih dadi watu layar. Pungkasane para
warga daerah kuwi nganut agama Islam. Amarga kanggo ngeling-eling jasane, para
warga mbangun panggonan petilasan Sunan Bonang.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar